Rabu, 21 September 2011


Contoh teks pidato boso jawi

Tema : Migunakaken boso jawi ingkang santun

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Inkang minulyo, dewan juri, para Bapak lan Ibu Guru, soho para sederek ingkang kula trisnani,

           Mangga kita tansah muji syukur dumateng Alloh Subhanahu wata’alla amargi lumantar  taufik  lan hidayahi-Pun kita saget pinanggihan kanti wilujeng. Mugi-mugi sholawat sarto salam tansah katur dumateng junjungan kita nabi Muhammad Sololohu Alaihi wa  Salam ingkang sampun maringi pitedah dumateng kita sadoyo.
           Para Sutrisno ingkang minulyo, wonten ing mriki kulo bade ngaturaken babagan migunakaken baso Jawi ingkang santun., gandeng ing wekdal puniko kito saweg mangayu bagyo ing dinten kelahiranipun SMP 2 Kepanjen pramilo kulo ngaturaken dirgahayu SMP Negeri kalih.
Mugi-mugi SMP Negeri  kalih tambah majeng lan saget kawentar saindrenging bawono.
          Boso ingkang santun puniko ngemu suraos boso ingkang trep dumateng sok sinteno priyantun ingkang wajib kito hormati. Pramilo puniko kita kedah tansah saget milah-milah kaliyan sinten kito ngendikan. Ngendikan kaliyan priyantun sepuh benten kaliyan priyantun nem-neman, dumateng Bapak/Ibu guru benten sami kaliyan dumateng konco sesame siswa.
Tulodonipun tembung sare, dhahar, tindak, puniko trep kita ginakaken dumateng sesepuh lan Bapak/Ibu guru hananging mboten trep kagem kita piyambak.
           Katah malih tembung lan ukara ingkang mboten trep lan kraos kasar  dipun ginakaken wonten bebrayan utawi masyarakat, puniko mboten sae lan mboten pantes, amargi tiang Jawi puniko tiang ingkang sopan lan andhap asor, pramilo puniko monggo tansah kito ginakaken basa Jawi ingkan Santun.
           Dewan juri, lan para sutrisno ingkang minulyo sejatosipun katah ingkang bade kulo aturaken hananging amargi kekirangan wekdal pramila cekap semanten kemawon. Pelem cilik jare pencit, najan setitik ning apik. Wasono Wassalamualaikum wr. Wb.